Cara Gawene :
1. Campurke 1 Sendok Gulo lan 3 Sendok Gulo Neng Gelas
2. Jeri Campuran Kuwi Gawa Banyu Anget
3. Udek Gula Sampek Ilang
4. Campuri Kopi Ngawa Seres Utawa Susu Cair.
sistem keamanan lingkungan lumrahe dicekak
siskamling, iku pinangka gegenengane para wargane RT lan RW ing babagan
njaga tata tentreme bebrayan. tata tentreme kampung ora mung dadi
tanggung jawabe para nara praja, nanging uga dadi tanggung jawabe
wargane kampung.
majune jaman pranyata uga dibarengi karo
majune tumindak dursila. mula jaman uga kudu dikhanteni undhake
kawaspadan ing bab njaga tata tentreme bebrayan. umpane, sarana
nindakake sistem keamanan lingkungan utawa siskamling kuwi. cakcane
siskamling kuwi upamane anane rondha, pranatane kampung kang majibake
para wargane kampung gawe kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing
nginep kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu
nggawa surat katrangan, pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan,
lan liya liyane.
kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur
kuwi, ora lali para wargane kampung uga kudu tansah njaga kawilujengane
dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane, ing wayah bengi
cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang
gletak-gletek saenggon-enggon.
manawa kabeh wargane kampung padha njaga
kawilujengane dhewe-dhewe, lan munggahe padha gotong royong guyup rukun
njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem
tentrem, adoh ing rasa was sumelang.